Rabu, 26 Februari 2014

GEGURITANKU

1.         kidung wengiku

nalikane langit wis nutup padhange cahya
nalikane lintang wis pada nata ing satengahing                             
swara jangkrik kang ngebaki talinga
wektu iki uga

kagubel rasa manah kang karujit rujit
netepi kahanan kang sarwa pait
mungguha kang ana sing dirasa
semana gedhene kuciwa iki

manawa eling...sepira lelabetan kang tanpa rega
am8ung sujana kang dadi pangrasane
tumrap kabeh kang tak tindakkake
amung siji kang dadi pangantu antuku

bisaa rasa iku sirna ...nanging kapan?
amung gusti kang murbeng dumadi..kang bisa...
paring pepesthen

                                                                                                   lingsir wengi ing pebruari 2014